Selasa, 21 Oktober 2014

JENENGE BOCAH (SOME NAME FOR KIDS)

Pandawa - Anak lima lanang kabeh



Ana ing tradisi masyarakat Jawa, saben bocah kang lair kanti nggawa keunikan dhewe mesthi ana aranane, jenenge, lan bocah sing dhuwe pratandha sing kaya disebutake biyasane kudu diruwat, diwilujengi, dislameti.
anak siji lanang dijenengi ontang-anting
anak siji wadon dijenengi untung-unting
anak loro lanang kabeh dijenengi uger-uger lawang
anak loro wadon kabeh dijenengi kembang sepasang
anak telu lanang kabeh dijenengi cukit dulit
anak telu wadon kabeh dijenengi gotong mayit
anak papat lanang kabeh jenenge saramba
anak papat wadon kabeh jenenge sarimpi
anak lima lanang kabeh jenenge pandhawa
anak lima wadon kabeh jenenge pancagati
anak loro lanang wadon jenenge kedhana kedhini
anak loro wadon lanang jenenge kedhini kedhana
bocah ireng mulus jenenge cemani
bocah putih mulus jenenge wule, bule
bocah lair durung wayahe jenenge jempina


Artikel punika kasalin saking blog Sinaujawa kanti di dirobah seperlune
gambar kapendhet saking kreavi.com

Tidak ada komentar:

Posting Komentar