Seneng rasane atiku nalika lebaran wingi aku balik kampung. Ya mung weruh anakku sing saiki wis ngancik umur telung taun.
Pawakane wis Gedhe dhuwur kanggo ukuran bocah telung taun, cerdas ngomonge landhep pikire. malahan wis melu nimbrung sekolah neng TK.
Tambah seneng rasa atiku wektu ndeleng anakku ngibing jaranan, neng ndesaku diarani IMBLIK/JARAN KEPANG. luwes tangane, mbuh turunan kang sapa ? Padahal aku dhewe ra bisa ngibing.
Senadyan ngibinge isih ngawur nanging krasa enak disawang, rasane bangga ndeleng anakku ngerti budayane mbahe, budayane bangsane. kayane bakal bisa dadi anak kang tresna karo budayane bangsane, Amien ( Bapake Rizal )
Tidak ada komentar:
Posting Komentar