Selasa, 21 Oktober 2014

SEJARAH LENGGER

" LENGGER " - Elinga Nggerrr !!!!

Mbarang


Ki Martoloyo kuwi wong kang agamane kuwat lan seneng karo seni. Ki Martoloyo uga seneng ngulandara kanggo dhakwah utawa nyebarake agama Islam. Nganti ing sawijining dina Ki Martoloyo tekan ing desa sing ana ing tlatah Wonosobo. Ki Martoloyo uga nyebarake Islam ing kana. Kanggo mincut kawigetene warga supaya gelem pada ngumpul, Ki Martoloyo mbarang dadi lengger. Kamangka lengger kuwi dandanane kaya wong wedok sing biyasane njoged kayata gambyong utawa tayub kang anggon-anggonane jarik, kemben, sampur, lan nganggo gelung gedhe. Nanging kabeh kuwi mau dilakoni Ki Martoloyo kanthi manah kang ikhlas. Sabanjure Ki Martoloyo njoged kaya lumprahe wong mbarang.
Akeh sing nonton Ki Martoloyo kang lagi mbarang. Kabeh kang nonton pada seneng-seneng, malah akeh kang padha melu njoged bareng karo Ki Martoloyo. Sawise dirasa cukup anggone seneng-seneng lan wis akeh wong kang ngumpul, Ki Martoloyo banjur ngrampungi anggone njoged. Kabeh sandhangan kang dienggo kanggo mbarang diuculi. Ki Martoloyo banjur linggih ing tengah-tengahe wong-wong mau. Ki Martoloyo banjur mejangi para warga babagan agama Islam.

Lengger Giyanti


Ki Martoloyo nganggo acara mbarang lan macak dadi wong wedok kuwi mau kabeh ana alasane. Ki Martoloyo ngerti, yen warga nganti ngerti yen dikumpulake amarga arep diceramahi utawa dikon ngrungokake dakwah, mesthi ora padha gelem lan ora bakalan ana sing teka, mula Ki Martoloyo nganggo cara mbarang supaya warga padha kepincut banjur padha ngumpul. Wis mesthi warga luwih seneng ndelok acara-acara kang sipate panglipur utawa kasenengan dunya, tinimbang ngaji ngangsu kawruh babagan agama utawa ngrungokake dhakwah.

Ki Martoloyo banget anggone prihatin nalika ngerti yen warga padha mentingaken kasenengan urip tinimbang akhirate. Mula sethithik mbaka sethithik Ki Martoloyo wiwit ngenalake Islam marang para warga. Lengger dinggo terus kanggo mincut kawigatene para warga supaya gelem padha ngumpul.

Lengger kuwi sejatine sarana, saranane Ki Martoloyo kanggo mikut kawigatene warga supaya gelem ngrungokake dhakwah. Jeneng Lengger kuwi ana tegese. Amarga sejatine lengger uga wewelinge Ki Martoloyo marang para wargane. Ki Martoloyo ngerti yen wargane padha seneng suks-suka mula sadurunge dhakwah warga dijak suka-suka. Sawise marem anggone padha suka-suka Ki Martoloyo banjur ngendika “Elinge ngger yen urip iki ora mung kanggo seneng-seneng, nanging urip uga kudu kita gunakake kanggo ngibadah, amarga urip iki ora kanggo selawase. Tembe mburine kita bakalan dipundhut marang Gusti Kang Maha Kuwasa, mula padha ngibadaha kowe padha”. Jeneng Lengger kuwi dijupuk saka welinge Ki Martoloyo yaiku, Elinga ngger. Dadi Lengger banjur digunakake kanggo njenengi joged kang dinggo kanggo ngumpulake para warga kuwi mau.

Sawise Ki Martoloyo dipundhut marang Gusti Kang Maha Agung banjur disarekake ing Desa Giyanti, Kelurahan Kadipaten, Kecamatan Selomero, Kabupataen Wonosobo. Tedhak turune uga padha omah-omah ing kana lan nduweni kuwajiban kanggo nguri-uri kabudayan kang ana utawa kang dadi tinggalane Ki Martoloyo, kelebu lengger. Amarga Ki Martoloyo kuwi wongkang tresna banget karo seni lan tradisi, dadi selawase Ki Martoloyo dhakwah, ora amung agama kang disebarake, Ki Martoloyo uga nguri-uri seni lan kabudayan.

Miturut katrangan saka tedhak tunune Ki Martoloyo, kabeh turunane Ki Martoloyo yen wis dipundhut dening Gusti Kang Maha Kuwasa, kudu disarekake ing pasareyan keluwarga Martoloyo. Nanging turunane kang wadon disarekake ing pasareyan desa utawa pasareyan umum. Dadi kang disarekake ing pasareyan keluwarga kuwi kudu turunane langsung saka Ki Martoloyo. Dadi saumpama putri, putramantu, lan wong kang ora kecipratan getih saka Ki Martoloyo ora oleh disarekake ing pasareyan kuwi.

Lengger isih bisa kita temoni tekan saiki ing tlatah Wonosobo. Sanajan jaman sansaya maju nanging, lengger tetep “eksis” utawa ora ketilep dening kemajuwan jaman.

Artikel kasalin saka blog Ketoprak Jawa
Sumber gambar Ketoprak Jawa & Wisata Budaya Giyanti

JENENGE BOCAH (SOME NAME FOR KIDS)

Pandawa - Anak lima lanang kabeh



Ana ing tradisi masyarakat Jawa, saben bocah kang lair kanti nggawa keunikan dhewe mesthi ana aranane, jenenge, lan bocah sing dhuwe pratandha sing kaya disebutake biyasane kudu diruwat, diwilujengi, dislameti.
anak siji lanang dijenengi ontang-anting
anak siji wadon dijenengi untung-unting
anak loro lanang kabeh dijenengi uger-uger lawang
anak loro wadon kabeh dijenengi kembang sepasang
anak telu lanang kabeh dijenengi cukit dulit
anak telu wadon kabeh dijenengi gotong mayit
anak papat lanang kabeh jenenge saramba
anak papat wadon kabeh jenenge sarimpi
anak lima lanang kabeh jenenge pandhawa
anak lima wadon kabeh jenenge pancagati
anak loro lanang wadon jenenge kedhana kedhini
anak loro wadon lanang jenenge kedhini kedhana
bocah ireng mulus jenenge cemani
bocah putih mulus jenenge wule, bule
bocah lair durung wayahe jenenge jempina


Artikel punika kasalin saking blog Sinaujawa kanti di dirobah seperlune
gambar kapendhet saking kreavi.com

Sabtu, 05 Oktober 2013

FOTO RIZAL SEBELUM MASUK TK - Juli 2011

Jagoan Nyengir

Beberapa hari lagi Rizal akan menginjak usia yang ke 7, tepatnya pada tanggal 9 Oktober nanti. Pada usia yang ke 7, Alhamduillah sekarang Rizal sudah duduk di bangku kelas 2 SD Negeri 1 Bumitirto.

Pae sama Mae hanya bisa berdo'a semoga Rizal menjadi anak yang baik, sholeh dan bisa menjadi kebanggaan orang tua serta bisa berguna untuk sesama.

Beberapa foto yang kali ini diposting diambil lebih dari 2 tahun lalu dari koleksinya Oom lukman kecuali foto yang pake surjan itu koleksi dari pae sendiri.

Jagoan Nyengir

Foto yang pake sweater kuning diambil di kampung sebelah, Wilayah kembangkuning Rejosari. Nduwur Ngelis,

Jagoan Nyengir

Sedangkan yang pake kaos merah diambil di terminal lama Bumiayu, saat bis mogok dalam perjalanan dari Jakarta menuju Wonosobo medio Juli 2011.
Yang pake surjan diambil di rumah Wa Sunar.

Kalo yang di bawah ini bonus dari Oom Adul sama Oom Lukman.


Sabtu, 22 September 2012

Rizal - Jagoan Nyengir


KHITANAN MASSAL SANTRI TPQ MASJID NURUL HUDA SAMABUMI



Dah lama nihhh.... Pae Rizal ga posting di jagoan-nyengir. Bukan karena ngelupain, tapi disibukkan dengan kerjaan. Nyari nafkah untuk menafkahi keluarga kan wajib hukumnya hehehehe.......

Sekarang Pae mulai nyempetin sedikit waktu untuk ngisi postingan di jagoan-nyengir dehhhhh......

Sebagai awal postingan di 2012, pae akan menampilkan berita dan foto kegiatan dalam rangkaian acara KHITANAN MASSAL SANTRI TPQ MASJID NURUL HUDA SAMABUMI yang diprakarsai oleh kakak-kakak yang tergabung dalam IKATAN REMAJA ISLAM SAMABUMI.

Kegiatan tersebut diselenggarakan dalam rangka memperingati Maulid Nabi Muhammad SAW yang disandingkan dengan acara Khitanan Massal serta Pagelaran Seni Budaya yang diselenggarakan pada tanggal 4 sampai 6 Februari 2012 di komplek pelataran Masjid Nurul Huda Dsn. Samabumi Ds. Bumitirto Kec. Selomerto Kab. Wonosobo kampung halaman Pae dan Rizal.

Ini ada beberapa poto yang pae ambil dari akun FB Ikatan Remaja Islam Samabumi.



Foto diatas diambil ketika adik-adik santri di sandingkan sehabis proses khitanan dan disalami oleh Bp. Kyai Maksum, jajaran pengurus masjid dan sesepuh di Dsn. Samabumi



Kalau yang ini foto adik-adik santri yang diarak dengan delman dari tempat khitanan. Asyik yaaa....


Ini juga fotoadik-adik santri yang duduk seperti poto sebelumnya, bedanya ini diambil dari depan.
Jumlah adik-adik yang mengikuti khitanan massal kalau gak salah ada 11 orang.

Khitanan dilaksanakan pada hari ahad 5 Februari 2012 setelah malam sebelumnya diadakan acara Khatmil Qur'an di tempat yang sama.

Asyiknya lagi.... saat kembali dari tempat khitanan adik-adik ini dijemput dan diarak menggunakan delman dan diramaikan dengan arak-arakan dari 5 RT yang ada di Dsn. Samabumi.

Ada yang menampilkan Kuda kepang, Warokan, Barongsai, Rebana dll. pokoknya rame dan asyik deh..

Sesampainya di lokasi acara adik-adik santri tersebut disambut serta disalami oleh Jajaran pengurus masjid, Jajaran pamong desa dan sesepuh di Dsn. Samabumi.

Acara Lanjut.......

Acara kemudian dilanjutkan sehabis Dzuhur dengan Pengajian Maulid Nabi Muhammad SAW hingga menjelang waktu ashar.

Malamnya, Acara dilanjukan dengan Pagelaran Wayang kulit semalam suntuk dengan dalang Pak Ipung ( Ki Heru Purnomo ).

Pagelaran wayang kulit Ki Susilo Handoyo

Belum kelar juga, besoknya ba'da Dzuhur dilanjutkan lagi acara Pagelaran Wayang kulit oleh dalang Pak Sutris ( Ki Hadi Sutrisno ) hingga menjelang Magrib. Malamnya Masih disambung lagi oleh Pak Susilo ( Ki Susilo Handoyo ) hingga pagi. Kalau gak salah Pak Sus ini ketua PEPADI Kota Magelang.

Asyik kan..

Sayang rizal ga mau waktu pae tawarin untuk ikut khitanan massal, katanya blm berani. tapi beberapa waktu kemudian malah dia pengen...hahahahah.... Telat.

Berita tentang pagelaran seni budaya juga bisa dilihat di blognya pae di blog Laraswirama tapi pake bahasa jawa atau bisa juga gabung di akun FB Ikatan Remaja Islam Samabumi.

Dah yaaa.... besok-besok disambung lagi.

Wassalam.

Senin, 12 Oktober 2009

Fw: Jaranan

Ayo ngibing bareng karo rizal. jare bapak apik banget..........

Dongaku

Tan ana rubeda kang bisa anglunturke gedhene rasa tresnaku.
Tan ana jalma kang bisa angilangake rasa kasih ing jeroning kalbu.
Tan ana jalma kang bisa amisahake jiwaku klawan jiwamu.
Amung Gusti kang Maha suci kang bisa amaringi ridho ing sakdawaning
dalan uripku.

Bapake Rizal