Minggu, 30 Agustus 2009

Lestarine Kabudayan Dadi Tanggung Jawabe Sapa ?

Kuda Lumping Wonosobo


Lestarine Kabudayan Dadi Tanggung Jawabe Sapa ?

Sapa sing wis tau kepikir babagan kuwi ? Nyong, rika apa wong liya ? mbuh ora dadi masalah sapa sing wis tau kepikir tapi sing jelas kabeh elemen bangsa kudu nduweni rasa tanggung jawab sing ora mung bisa nanggung karo njawab thok, tapi bisaha lestarine kabudayan mau dadi pegaweyan sing kudu dilakoni lan ditemeni kanthi ikhlas lan uga teka saka krenteging ati sing paling njero.

Sing jelas rika nek ngomong, maksude prige ?

Ya… Ora nana maksud apa-apa. Mung nyong pengen nyekseni lestarine kabudayan bangsa wae.
Apa maning siki wis akeh gejala bakal lunture kabudayan contone wae siki akeh wong landa ( maksude : wong manca ) sing padha sregep ngudi ngelmu kabudayan, ana sing dadio sinden, dhalang, uga padha gladi beksan. Tapi, sing dadi elemen bangsa sing nduweni kabudayan malah leyeh-leyeh mbanggakna kabudayane sing wis diconto wong landa. Seneng, bangga tapi ora sadar kabudayane dicolong kanthi alus.
Ora dicolong keprige, lha nek wong landa wae gelem nyinaoni tapi sing nduwe ora nguri-uri, mung bias mbanggakna. Idiiiihhhhhhh….

Terus kudu prige kang ? lha nyong dhewek ora nduwe bakat seni, ora nana turunan sinden apa maning dhalang. Carane melu ngudi lestari prige ?

Lha tekan kono nyong yaa melu mentog ndhase.
Dhasar apa-apa terbatas ya mengko tak pikir maning nangomah.